Senin, 30 November 2015

ASAL-USUL TENGGER



TENGGER
RINGKESAN CRITA
Ing ereng-erenge Gunung Bromo ana kulawarga sing banget rukun lan tentrem uripe, yaiku Kyai Seger lan Nyai Anteng. Esuk umun-umun dheweke wis padha tangi, metu saka omahe saperlu golek angin seger. Sesawangan kang edi peni ing saindenging ereng-ereng nuwuhake rasa kang ngresepake tumrap wong sakloron, sanadyan wis ora enom maneh.
          Kahanan kang ngresepake iku pranyata ora langgeng. Wong sakloron rumangsa keganggu solahe kaanan. Nalika iku srengenge lagi bae muntub-muntub ing gigire Gunung Bromo. Sunaring bagaskara numusake anget ing saranduning badan.
          “Kyai, apa srengenge iki ya arep methungul saben esuk?” pitakone Nyai Anteng marang bojone.
“Ya mesthi bae mengkono, yen Gusti ngersakake,” sumahure Kyai Seger.
“Njur sapa sing bakal nerusake nyekseni kaendahaning iki, yen awake dhewe wis ora ana? Sambunge Nyai Anteng.
          Tekan semono rerembugane wong sakloron, banjur kandheg. Pepenginan duwe anak sing wis lawas iku tansah ngeridhu ati. Ing pangangkah wong sakloron arep semedi ing sikile Gunung Bromo saperlu nyenyuwun sihing Dewa Brahma, keparingana turun.
          Dumadakan Nyai Anteng krungu swara, aweh sasmita yen ta panyuwune bakal kaleksanan. Dheweke bakal ngandhut ping selawe, angger anak pembayune dikurbanake marang Gunung Bromo. Nyai Anteng sing banget seneng atine, tanpa mikir dawa, nyaguhi pamundhute Dewa Brahma.
          Awit saka sih nugrahaning para dewa, Nyai Anteng anggarbini. Bareng wis ganep sasine, Nyai Anteng nglairake anak mbarepe. Jumbuh kalawan prasetyane Dewa Brahma. Nyai Anteng saben taun anggarbini. Prasetyane Dewa Brahma wus ganep selawe taun.
          Kyai Seger lan Nyai Anteng wis ora kasepen maneh, kepara banget seneng atine awit keparingan anak cacah selawe. Sing mbarep dijenengi Kusuma. Bocahe gagah prakosa tur bagus. Ora nggumunake yen ta pambayune iki minangka gegantilaning ati. Semono uga tumrap adhi-adhine Kusuma, ora kurang-kurang anggone nresnani. Ora mban cindhe mban siladan. Kabeh padha. Kabagyan Kyai Seger lan Nyai Anteng iku meh bae nglirwakake prasetyane marang Dewa Brahma.

BAUSASTRA:
1.
Erenge-erenge
:
lereng bukit
2.
Umun-umun
:
pagi-pagi sebelum matahari terbit
3.
Edi peni
:
Indah
4.
Muntub-muntub
:
keluar sedikit
5.
Gigire         
:
Punggung
6.
Sunaring bagaskara
:
sinar matahari
7.
Numusake
:

8.
Ngeridhu
:
mengganggu, mengusik
9.
Sasmita
:

10.
Ngandhut
:
Mengandung
11.
Pembayun
:
anak pertama
12.
Anggarbini  
:
Melahirkan
13.
Prasetya
:
janji untuk tetap setia
14.
Mban
:
Digendong
15.
Cindhe
:
nama jenis kain sutera berwarna merah dengan bunga-bunga
16.
Siladan        
:
Potongan bambu yang diiris tipis biasa digunakan untuk membuat anyaman.
  
GALERI PHOTO