TENGGER
RINGKESAN CRITA
Ing ereng-erenge
Gunung Bromo ana kulawarga sing banget rukun lan tentrem uripe, yaiku Kyai
Seger lan Nyai Anteng. Esuk umun-umun dheweke wis padha tangi, metu saka omahe
saperlu golek angin seger. Sesawangan kang edi peni ing saindenging ereng-ereng
nuwuhake rasa kang ngresepake tumrap wong sakloron, sanadyan wis ora enom
maneh.
Kahanan
kang ngresepake iku pranyata ora langgeng. Wong sakloron rumangsa keganggu
solahe kaanan. Nalika iku srengenge lagi bae muntub-muntub ing gigire Gunung
Bromo. Sunaring bagaskara numusake anget ing saranduning badan.
“Kyai, apa srengenge iki ya arep
methungul saben esuk?” pitakone Nyai Anteng marang bojone.
“Ya mesthi bae
mengkono, yen Gusti ngersakake,” sumahure Kyai Seger.
“Njur sapa
sing bakal nerusake nyekseni kaendahaning iki, yen awake dhewe wis ora ana?
Sambunge Nyai Anteng.
Tekan
semono rerembugane wong sakloron, banjur kandheg. Pepenginan duwe anak sing wis
lawas iku tansah ngeridhu ati. Ing pangangkah wong sakloron arep semedi ing
sikile Gunung Bromo saperlu nyenyuwun sihing Dewa Brahma, keparingana turun.
Dumadakan
Nyai Anteng krungu swara, aweh sasmita yen ta panyuwune bakal kaleksanan.
Dheweke bakal ngandhut ping selawe, angger anak pembayune dikurbanake marang
Gunung Bromo. Nyai Anteng sing banget seneng atine, tanpa mikir dawa, nyaguhi
pamundhute Dewa Brahma.
Awit
saka sih nugrahaning para dewa, Nyai Anteng anggarbini. Bareng wis ganep
sasine, Nyai Anteng nglairake anak mbarepe. Jumbuh kalawan prasetyane Dewa
Brahma. Nyai Anteng saben taun anggarbini. Prasetyane Dewa Brahma wus ganep
selawe taun.
Kyai
Seger lan Nyai Anteng wis ora kasepen maneh, kepara banget seneng atine awit
keparingan anak cacah selawe. Sing mbarep dijenengi Kusuma. Bocahe gagah
prakosa tur bagus. Ora nggumunake yen ta pambayune iki minangka gegantilaning
ati. Semono uga tumrap adhi-adhine Kusuma, ora kurang-kurang anggone nresnani.
Ora mban cindhe mban siladan. Kabeh padha. Kabagyan Kyai Seger lan Nyai Anteng
iku meh bae nglirwakake prasetyane marang Dewa Brahma.
BAUSASTRA:
1.
|
Erenge-erenge
|
:
|
lereng bukit
|
2.
|
Umun-umun
|
:
|
pagi-pagi sebelum matahari terbit
|
3.
|
Edi peni
|
:
|
Indah
|
4.
|
Muntub-muntub
|
:
|
keluar sedikit
|
5.
|
Gigire
|
:
|
Punggung
|
6.
|
Sunaring
bagaskara
|
:
|
sinar matahari
|
7.
|
Numusake
|
:
|
|
8.
|
Ngeridhu
|
:
|
mengganggu, mengusik
|
9.
|
Sasmita
|
:
|
|
10.
|
Ngandhut
|
:
|
Mengandung
|
11.
|
Pembayun
|
:
|
anak pertama
|
12.
|
Anggarbini
|
:
|
Melahirkan
|
13.
|
Prasetya
|
:
|
janji untuk tetap setia
|
14.
|
Mban
|
:
|
Digendong
|
15.
|
Cindhe
|
:
|
nama jenis kain sutera berwarna merah dengan
bunga-bunga
|
16.
|
Siladan
|
:
|
Potongan bambu yang diiris tipis biasa digunakan untuk
membuat anyaman.
|
GALERI PHOTO
Tidak ada komentar:
Posting Komentar