Senin, 30 November 2015

PENGERTIAN LAN CIRI-CIRI CERITA RAKYAT


CRITA RAKYAT
Crita rakyat, yaiku crita kang dicritakake turun-temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing sajroning masarakat.
Jinising crita rakyat:
1.   Mitos (mite), yaiku crita kang ana gegayutane karo alaming lelembut utaw alam gaib kang wis dadi kapitayan (kepercayaan) ing sajeroning masarakat.
Paraga ing crita mitos biyasane awujud dewa utawa makhluk setengah dewa. Dene panggonan kang dadi latar crita, biyasane ana ing alam liya, ora ing alam donya kang biyasa kita ngerteni.
Tuladhanie kaya: crita Nyai Roro Kidul, lsp.
2.  Legendha, yaiku crita kang ana gegayutane karo asal-usul kedadeyan salah sawijining papan utawa panggonan.
Paraga ing sajerone crita awujud manungsa biyasa, ananging kadangkala nduweni sifat kang ngedab-ngedabi lan asring dibiyantu dening makhluk gaib.
Panggonan kang dadi latar crita, ana ing donya kang kita kenali. Biyasane bisa kita ngerteni saka wujud arupa barang utawa pangganan tartamtu, kaya dene reca, waduk, gunung, lan sapanunggalane.
Tuladhane kaya crita Sang Kuriang kang dikaitake karo Gunung Tangkuban Prau, lsp.
3.  Dongeng, yaiku crita kang adedhasar angen-angen (khayalan) kang dicritakake turun temurun.
Paraga ing crita dongeng biyasane wujudie macem-macem, bisa arupa manungas biyasa, kewan, para dewa, lan makhluk gaib liyane.
Latar panggonan crita uga macem-macem, kaya dene panggonan kang tau dingerteni (desa, kali, gunung, lsp), lan kedadeyan ing panggonan kang ora dingerteni (kayangan, alaming lelembut).
Tuladhane, kaya kancil nyolong timun, timun mas, lutung kasarung, lsp.
PATOKANE CRITA RAKYAT
·         Turun-temurun.
·         Anonim, tegese ora dimangerteni sapa sing nganggit.
·         Kolektif, tegese dadi duweke bebrayan / masyarakat.
·         Imajiner, tegese critane ora masuk ing nalar.
·         Sugih ngandut nilai-nilai kaluhuran.
·         Duweni sifat tradisional.
·         Sugih cakrek (versi) lan variasi.
·         Wangune tiron (mempunyai bentuk – bentuk klise) ing susunan / cara pangungkapkane.
·          Berkembang dari mulut ke mulut.
·         Panyebarane kanthi lisan.
UNSUR CRITA RAKYAT
  • ·    TEMA, yaiku ide pokok utawa masalah kang ndhasari lakuning crita. Tuladhane (adat istiadat, mistis, kesehatan, olahraga, khayal,lsp)
  • ·      LATAR (SETTING), yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu, panggonan, lan kahanan.
  • ·       PARAGA, yaiku paraga ing sajroning crita.
          Paraga bisa dimangerteni karaktere saka:
1.     Tumindake (tingkah laku)
2.    Pangrengkuhe utawa tanggapane paraga liya
3.    Lingkungan
4.    Pacelathon antar paraga
Watak paraga bisa kaperang dadi:
1.     Protagonis, paraga kang duweni sifat/ tumindak becik
2.    Antagonis, paraga kang duweni sifat/ tumindak ala
3.    Tritagonis, paraga kang duweni peran pembantu (figuran) 
  • ·    ALUR (PLOT), yaiku rerangkening prastawa ing sajroning crita.
        Alur kaperang dadi:
1.     Maju, prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedhasar kronologi tumuju ing alur crita (crita dari awal ke belakang).
2.    Mundur (flashback), dumadi kang ana sesambungane karo prastawa kang lagi dumadi.
  • ·   AMANAT, yaiku pesen kang disampekake panganggit marang pamaos.
  • ·   SUDUT PANDANG, yaiku nyritakake tokoh, barang, papan, kewan, lsp.
  • ·   KONFLIK, yaiku perkara kang dadi punjere crita.

1 komentar:

  1. Casino Near You - MapYRO
    See 익산 출장샵 what's popular at Harrah's Las Vegas in 오산 출장샵 Las Vegas and nearby. 광양 출장안마 울산광역 출장안마 1 Casino Parkway, Las Vegas, NV 89109 Nearby Nearby Casinos. 광명 출장마사지

    BalasHapus